Senin, 03 Mei 2010

Wong sing Bisa Basa

Tandhane wong bisa basa
Dudu waton tata jalmi
Nanging bisa anggunakna
Unggah-ungguh basa Jawi
Krama ingkang sayekti
Nalikanira dha matur
Tumuju para werdha
Lan marang kang denurmati   
Kang mangkono karan wruhing subasita


    Gb.Anak Mbarep 

    Kamis, 29 April 2010

    Pangudarasa

    Meruhi apa kang ditindakake bocah-bocah saiki ing saben dinane kok nggawe ati iki rada miris. Miris merga bocah saiki ora kaya cilikanku. Aku biyen ya sekolah. Mulih sekolah wis didhawuhi bapak supaya ngarit. Golek suket kanggo pakan kebo kang dadi branane wong tuwa. Sorene ganti didhawuhi angon bebek, sing gunggunge ora luwih saka limalas. Bengine isih didhawuhi nyuluh golek yuyu kanggo pakane si bebek. Dadi cilikanku biyen kajaba sekolah uga gladhen pagaweane wong desa.